PITULUNG

Maos: Rum 8:1-17
Nats. Ay. 3,
“Awit bab kang ora bisa ditindakaken dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah …”

Mripat manawi nedheng sakit punika pancen mboten sakeca. Punapa malih lajeng ngantos mboten saged ningali, mesthi saya rekaos, wusana mboten saged mrantasi padamelan kanthi sae. Punapa kemawon ingkang katindakaken kathah klentunipun. Mila makaten angel lan mboten saged dipun peksa supados saged nyambut damel kanthi sae.

Allah, Rama kita pirsa bilih manungsa punika namung daging ingkang ringkih. Sinaosa kawontenaning raga saged kemawon wujudipun pepak, nanging saestunipun nalar budinipun sulaya, kapara dados wuta margi dosa. Ing kawontenan punika angel sanget anggenipun manungsa saged nindakaken padamelan sae. Sinaosa rumaos gadhah pangertosan dalah kasagedan linangkung, kasunyatanipun tetep kemawon kathah klentunipun, kapara mitunani liyan. Pramila, sinaosa wosing Toret punika sae, nanging manungsa mboten saged nindakaken kanthi sae, kapara njiret dhateng pepejah.

Awit saking punika Gusti Allah mboten muwuhi rekaosipun manungsa, kapara mitulungi, kados ingkang katelakaken, “Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman trumrap dosa ana ing daging.”

Prakawis sanes ingkang elok inggih punika anggenipun paring pitulung, Panjenenganipun mboten tidha-tidha saha mawang lan mbedak-bedakaken kawontenanipun manungsa. Wusana, saben tiyang saking lan kadosa pundi kawontenanipun saged kapulihaken uger sami kumandel. Kanthi punika mangga kita sami ngaturaken panuwun dhumateng Gusti sarana suka pitulung dhateng sadhengah tiyang, sinaosa ringkih pisan. Amin.


Donga: Rama, kasagedna kawula mitulungi tiyang ringkih kados anggen Paduka mitulungi kawula.




Related Posts:

0 Response to "PITULUNG"

Posting Komentar